Teks MC Bahasa Jawa acara Khitanan ( runtutipun acara)
sekali lagi ya, postingan disini hasil pemikiran saya :). jika ada kesamaan berarti orang itu mengcopas milik saya.
Assalamu’alaikum
Wr. Wb
Ingkang
kinurmatan, Bapak Kepala Desa Bojongsari 3
Ingkang
kawula hormati, Bapak Kyai Amad
Ingkang
kawula hormati, para bapak saha ibu tamu undangan
Sumangga kita panjataken puji dalah puja syukur dhumateng
ngarsanipun gusti Allah SWT ingkang sampun maringi kita kesehatan sehingga
wonten dinten saniki kita saged makempal ing mriki kanti mboten wonten halangan
setunggal punapa. Shalawat dalah salam kita junjungake dhumateng Nabi Muhammad
SAW ingkang kita antu-antu syafaatipun
wonten Yaumil Qiyamah. Amiin…
Wonten mriki, kawula supados pranata hadicara badhe
maosaken acara khitanan menika:
1. Pambuka
2. Sambutan saka
Ketua Panitia Acara
3. Sambutan saka
Bapak Kepala Desa
4. Sambutan saka
Bapak Kyai
- · Acara ingkang khitanan menika kita bikak ngangge waosan Basmalah, Bismillahirrohmanirrohiim.
- · Acara ingkang kaping kalih inggih punika sambutan saka Ibu Wahyu supados Panitia acara Khitanan , kangge wekdal lan panggenan kula sumanggaaken (………….) maturnuwun kangge sambutanipun. Sambutan ingkang kaping kalih inggih punika saka Bapak Kepala Desa dhumatheng Bapak Faiz Amrulloh kula sumanggaaken (………) mekaten kala wau sambutan saka bapak Kepala Desa. Maturnuwun sampun ngelodangake wektunipun. Salajengipun , yaiku saka Bapak Kyai Amad Dwi H.rizki. Dhumateng bapak Kyai Amad, wekdal lan panggenan kula sumanggaaken (………..)Nggeh, Maturnuwun bapak Kyai Amad kangge sambutan kaliyan dedongane kangge Putra kang badhe di khitan menika. Sumangga lancar khitananipun, amiin.
- Dilajengaken acara terakhir inggih punika panutup. Mangga acara khitanan punika kita tutup kangge waosan hamdalah, Alhamdulillah…. Mekaten atur kula, menawi wonten atur ingkang kirang mranani , kula nyuwun agunging pangaksami. Wassalamu’alaikum Wr. Wb
Komentar
Posting Komentar